Perantau Kebumen di Jakarta apa mung golet duwit tok?
By admin on Feb 02, 2010 with Comments 8
Alkhamdulillah, wingi (23-26 Januari 2010) Enyong tembe baen jalan-jalan sekang Jakarta, weleh….. Jakarta. Ya, kaya sing dibritakena nang blog kie winginane, sing judule “Karya fotonovela Dariman meraih 5 terbaik Stos film festival 2010″. Sing jenenge tembung ndilalah, ya ndilalah baen nang Jakarta Enyong ya ora kapiran (terlantar), esih ana sing gelem nyuguih kopi, he he he he he……..
Meh arep sewengi ding deng Enyong ngobrol karo kanca-kanca, mestine ya kanca sedesaku, kanca sekang desa Jladri, Kec. Buayan, sing pada meranto nang Jakarta. Jane pada ngobrol apa sih nganti tengah wengi ?
Ya, bangsane takon-takon kabar sing nang ndesa kabare pada kepriben, nang ndesa lagi musim apa, lah pokoke ya werna-werna pitakonane, Enyong nganti kesel gole crita. he he he he………. Ning, sengsaya wengi obrolane koh sengsaya gayeng temen, kopine ya nganti nambah terus, walau pun kopine mandan semu coklat, he he he he he …… (biasane kopi sing uireng buket leket-leket)
Ngobrol ngalor ngidul tekan endi ora, nganti-nganti Enyong crita tekan masalah pilkada, soale anu sering tangal tongol nang blog wong bumen, dadi berita-berita sing ana nang blog wong bumen ya tek critakena meng kanca-kancane, ya mbuh mudeng apa ora kanca-kanca tentang dunia blog. Sing jelas, isi kabar nang blog wong bumen tek critakena, ben kanca-kanca mandan pengalaman sitik, he he he he he…….
“Kie kang, siki nang Kebumen lagi rame-ramene masalah pilkada, sampean ngesuk arep balik apa ora pas pilihan ?” critane Enyong
“Emange ana pira sih jagone ?” pitakonane Wahid.
“Ya, kari dideleng bae informasine nang blog wongbumen.info, soale tekan siki ya durung jelas, ” Enyong wis mulai ngomong blog, kayane kancaku ora mudeng luh, he he he he……..
“Lah, enyong ora bisa internetan je…. waraih ya…” keluh Wahid.
“Ya ngesuk, nek kepengin belajar internet, ngesuk-esuk pada tangi gasik ya… ngesuk tek waraih carane internetan. Ning aja kawanen, soale ngesuk enyong arep meng acara Festival film.” Enyong aweh ancer-ancer
“Ya, oke lah…….. ngesuk aku gugah ya kang Sino, mbok aku kebablasen,” penjaluke Masrun.
Jebulane, kanca-kanca sing pada meranto ya duwe kepenginan men daeraeh maju, berarti wong sing pada meranto ya ora kur mikiri gelet duwit ya…… ning ya mikir kemajuane daerah. Nyatane, jere nang Jakarta ana sing bukak toko (nek ora salah toko alumunium) ya nganggo jeneng Kebumen Jaya, berarti kan saking cintane meng daeraeh dewek “Kebumen”.
Ya, minimal nggedekena jeneng Kebumen, nggawa jeneng Kebumen tekan ngendi ora, men dikenal nangendi ora. Moga-moga ya ora kur gede jenenge tok, ning ya gede kualitase juga. He he he he he he………
Ya wis ya kang, mbekayu. Wis wengi, ngesuk dilanjut maning. Kopine ya wis entek, wis ora ana warung bukak, he he he he he…….
Related Posts
Filed Under: Perjalanan • Sisi Lain Kebumen






meng jakarta ora nnyolek nyong men tek jak golet inspirasi
Waduh…. ngapurane kang, lah wong aku ora ngerti alamate rika nang Jakarta, tur no contake ya ora duwe…….
Ngesuk, kapan-kapan nek dolan tak kabari lah…..
Aja lali, kopi bukete…he he he he….
ya ora mesti kang tergantung masing-masing desa kalo desa aku ia ,ada masukan buat pembangunan masjid ,kegitan remaja ,yang tiap 3 bulan di wajibkan iuran 50 per gundul itu wajib . dan ada peng urus ranto di sana…. mantapkan kang wotbuwono he he
test
[...] Perantau Kebumen di Jakarta apa mung golet duwit tok? [...]
halo sedulur kebumen ,q due usulan, ben pada saling knl kanca fb kbmn,nek lebaran pada kumpul,dana patungan,ya go tuku sneck ,nek badan sing nang perantau kan pada bali.
Diatur aja kang Arya…….. mantab lah……..