Wong bumen nang Jakarta gaptek internet
By redaksi on Feb 05, 2010 with Comments 21
Sugeng enjang sedulur……muga pada sehat. Kie enyong (dariman) arep cerita nglanjutake crita wing kepungukur. Nek kepengin ngerti crita sing wingi, baca kie: Perantau Kebumen di Jakarta apa mung golet duwit tok?
Esuk-esuk gasik nang Jakarta, kang Sino, kang Wahid, kang Masrun, wis pada siap-siap arep niliki jajanan nang warung internet, pada penasaran karo sing jenengane panganan internet, he he he he he……. ya apa pada ora ngantuk apa ya….? mbengi tes ngobrol ngalor ngidul tekan jam 2 wengi koh…
Saking penasarane, kang Wahid ndisiti mangkat meng warung internet, lah mbasa wis tekan, Wahid malah bingung, he he he he he…….. (gaptek ya aja nemen-nemen kang Wahid). Ya, nang warung iternet kaya wong kursus, utawa sekolah internetan, ethok-ethoke enyong dadi gurune, he he he he he……
Kanca-kancane enyong wis pada ora sabar kepengin ngerti utawa dolanan internet, tapi nang enyong malah ora langsung tek ajari kon praktek. Tapi, enyong malah crita disit tentang internet kue apa, manfaate nggo ngapa, terus apa kudu wong pinter sing isa internetan?
“Kang, sing jenengane internetan kue ora kudu wong pinter, ora kudu isa bahasa ingris, ora kudu repot-repot, sing penting gelem memanfaatkan teknologi internet kue. Gelem ngenggo. Masalaeh, biasane wong sing pendidikane minim, kaya pangenyongan, kaya sampean kabeh, biasane minder disit sedurunge njajal. Mulane siki sampean njajal bae dolanan internet, ngesuk suwe-suwe kan bisa dewek. Apa maning siki jamane wis canggih, lah wong HP bae wis isa connect internet,” enyong njelasna meng kanca-kanca
Ya, wis ngetan ngulon enyong crita sing masalah internet, bahwa internet kue dudu panganan enak sing isa langsung dicerna, tapi butuh melewati proses pencernaan, he he he he he he……… Ora kaya wong mangan gedhang.
Nek kepengin canggih carane memanfaatkan internet, ora cukup sedina rong ndina, butuh wektu suwe. Berhubung wektuku nang kene ora suwe, ya aku cukup nidoki jane internet kue panganan apa.
“Siki sampean wis paham, internet kue gunane nggo ngapa bae ? ” Enyong njajal takon
Anane teknologi intenet kue akeh banget manfangate. Gelet segala macem informasi ya ana, bisnis lewat internet ya bisa, gelet kenalan utawa kanca, kena nggo sms-an kaya HP, nggo tilpunan juga bisa. Dadi aja nganti ketinggalan jaman, masa jaman wis modern ora ngerti perkembangan teknologi, aja gelem kur dadi korban kecanggihane teknologi, nek bisa ya isa melu mrasani manfangate.
“Lah kaya rika, kang Wahid. Hp-ne ta wis keren, tapi rika malah durung isa memanfaatkan kecanggihane Hp-ne rika. Aja gelem kalah karo Hp-ne, he he he he …. ” Enyong ngeledek kang Wahid
“Mulane, aja keburu lunga. Aku diajari disit mene bisa….” penjaluke Wahid.
Ya, Berhubung enyong ana acara, belajare cukup disit, disambung ngesuk maning. Belajar kue ora kudu ketemu thuk bathuk, lah wong siki jamane wis canggih, kan isa blajar liwat Hp, sms-an utawa tilpun, nek wis isa Internetan ya bisa liwat chating, ana YM, Gtalk, Skype, lan salintunipun.
Ayuh, pada ngopi disit… blajare diterusna ngesuk maning, apa arep dolanan disit? Ya ngonoh dipuasna disit…..
Related Posts
Filed Under: Sisi Lain Kebumen





Insyaalloh nyong nang grup Aku Cinta Kebumen wis mulai belajar karo mbalajari,tukar kawruh soal tehnologi,internete,budaya..nek ana workshop soal grafis .foto nggo wong kebumen nag perantoan,,nyong ya gelem terlibat
nah gitu dunk..kalu ada share ilmu…boleh juga tuh…jadi networknya bawa manfaat bagi umat….bisa jadi fb/blog yg penuh amal jariah…mudah2an jadi barokah…Amin.
He he he he he…….
Sing dikarepena ya sing kaya kue pancen. Dadi gole ngerti network ora kur nggo hal sing negatif tur ora merugikan, sapiturutipun………
Monggo dishere….. aja lali, kopine karo di sruput…
monggo kalo ada yg nylenggarain,nyeponsori utk bikin workshop..sy siap mbantu,
Pie kang, sampean sing nganakena apa kang ? enyong siap dadi fasilitatore lah, ning ana sarate… kudu nganggo bahasa nganpak, ha ha ha ha ha ha ha………………….
nek kon nganakna urung ana modale,nek nyong sing ngrewangi tukar2 kawruh siaplah..sebates pengetahuan nyong soal foto,grafis..nek bahasa pengantar anggo ngapak oke,siap grakk maju jalan..nyong wis nguasai 3 bahasa kang,bahasa kebumen,bahasa Indonesia,bahasa isyarat..wkwkwkwk
Ana sing minat ?
Ha ha ha ha ha ha ha ha…………
Ora kur ngapak, ning gelem ngopi bareng karo dopokan, he he he he he…….
kie pada rembukan apa sih???,,,,ala boyoh enyonge ketinggalan cerita kielah jian……*PERINGATAN* SENG ORA NGAPAK DIDUPAK BAE JKJKJJKJKJKJKJKJJK
Weleh……..Wong wis ketinggalan koh malah nggawe peringatan, bukane peringatan kue kanggo wong sing sering ketinggalan, he he he he he………….
Ben aja ketinggalan bae, ngopi disit……..
kie pada rembukan apa sih???,,,,ala boyoh enyonge ketinggalan cerita kielah jian……*PERINGATAN* SENG ORA NGAPAK DIDUPAK BAE JKJKJJKJKJKJKJKJJK
waduh..jd yg baru belajar ngapak didupak kie…yo wis..ta mabur deh
Waduh, ojo muatan SARA-lah.Kebumen nduweke wong akeh, secara geografis ra iso dipungkiri Kebumen wetan bosone rodo bedo sethithik karo Kebumen kulon.Opo yo arep DIDUPAK? Kasar temen sih,ojo arogan-lah.Nek bedo kan gawe Kebumen tambah unik kan?
bedane boso kebumen wetan karo kulon apa sih kang?
Bedane bhs Bumen wetan kr Bumen kulon yo nang logate, produktif suara "o" drpd "a". Koyo Kutowinangun kr Prembun tetep Kebumen kan?
He…he…aku female Kang,ojo dikiro maskulin.
wah2, enyonge nembe ngerti nek ana kumpul blog wong bumen…
enyong prantoan, asline bumen lor tepate dungwaru.
mranto golet ilmu nang Depok…
nang kene juga akeh banget cah bumen sing kuliah tergabung dalam PERHIMAK-UI (Perhimpunan Mahasiswa Kebumen di Universitas Indonesia, alhamdulillahe ketone wis ora pada gaptek karo internet…
salam kanggo sedulur bumen kabeh…
salam sudah disampaikan..ha hahah…
Oh ya kang, monggo sami melu ngramekna blog kie…kirim-kirim tulisan ya,ya enteng informsi wong bumen nang kana pada kepriwe lah…. ditunggu lho…..
Kang Alchazin, aku njaluk tulung meng sampean ya. Jel nek kanca-kanca bloger sing nang UI, kaya bangsane kang isuqi. Kue nganakaken pelatihan utawa blajar bareng karo kanca-kanca sing pada kumpul nang Cimanggis, tulung diajari utawa dikenal aken meng teknologi, soale gaptek temenan.
Sapa ngerti isa nggo seduluran nang prantoan kono……. oh iya, kang Mingun apa esih nang UI ?
wah, enyonge sih gelem bae….
enyong ya ora ngerti nek pada kumpul nang cimanggis..
btw kawit kapan ya kang mingun mlebu UI…hehehe
sampeyan sapane kang mingun?
sharing link kang:
http://www.i-puls.com
http://alchazin.blogspot.com
Alkhamdulillah legowone……….
Ya nek kanca-kanca nang Cimanggis ngumpule nang daerah Areman, nduwur perumahan bukit cengkeh. nek sekang kulon mlebune ya sewetan lapangan merah, utawa keramik. Nangkono isa dikondisikan liwat kang Wahid (02132264217), Masrun (02132251853), utawa kang Sino. Wong-wong kue kayane duwe legowo nek kon ngumpulna kanca kabeh.
Nek kang Mingun, jane dudu sapa-sapane. Ning anu pernah edek, ya dadi paseduluran, deweke pegawene nang Fisip. Lah nek karo kang Amir sih kenal, pengamen kantin Fisip.
Btw, kie kang Isyuqi deneng ra nongol, jel disenggol….. ya wis disit ya kang, salam go kanca-kanca kabeh.